Tes Wawancara, Jawabane Mencret..!!
Oleh Redaksi
Jumat, 28 Desember 2007 17:54

HRD manager lagi nyaring berkas lamaran nggo ngisi lowongan nang kantore. Sewise maca kabeh berkas-berkas mau nganti teliti karo temenanan deweke wis nemokna calon-calon sing wis dianggep memenuhi syarat. Dheweke wis nentukna pilihan sing jumlahe 4 (papat).

HRD Manager mau arep ngetes calon-calon sing jumlahe papat mau tapi mung siji sing bakal ketampa. Lha nggo nentukna sapa sing bakalan ketampa deweke arep ngajokna petakonan karo jawaban-jawaban sekang calon-calon mau sing arep nentukna sapa sing bakal ditampa, jawaban sing paling bener karo paling ketemu nalar sing bisa ditampa nang kantore deweke.

Dina wis ditentukna calon sing jumlahe papat mau wis njagong rapi nang ruang wawancara. Manager mau ngajokna petakonan sing jumlahe mung siji : "Menurutmu apa sing mlayune paling cepet?" kuwe petakonane.

Calon 1 : "Pikiran!" Sebab tekane ora dinyana nang njero pikiran, ijig-ijig wis teka! Cepet banget mbok?

Manager : Bagus.Bagus..jawabanmu apik, bisa ditampa. Kowe calon 2 apa jawabanmu..???

Calon2 : "Kejapan mata!" (bahasa Cilacape apa si ya..nyong bingung) tekane ora bisa diramal. Matane dewek sekeplasan wis tekan! Kuwe paling cepet menurutku..

Manager : Wah.kuwe ya jawaban apik..tur mlebu nalar.., calon 3 apa jawabanmu..???

Calon 3 : "Lampu listrik murub!" Kuwe sing paling cepet..aku sering nyeklekna saklar. Lampu sing adoh jarake langsung murub wektu kuwe juga..kuwe sing paling cepet menurutku..

Manager : wah…pancen angel ngalahna cepete murub-e lampu..jawabane bermutu kabeh. Bagus….bagus…, siki kowe calon 4 apa jawabanmu..??

Calon 4 : "Mencreet… pak Manager!"

Manager : Hah….mencret.????(si Manager kaget krungu jawabane calon 4 sing ketone asal-asalan)

Calon 4 : Aja gumun disit!! Kiye aku bisa njelasna alasanku..rong ndina kepungkur wetengku ijig-ijig mules, inyong ngibrit maring WC, tapi during sempat Mikir, Ngejapna mata karo Ngurubna lampu…, mencret wis tekan kathok-ku..!! Berarti "Mencret" lewih cepet sekang "Pikiran, Kejapan mata karo Lampu murub..!"

Manager : Calon 4 sing ketampa..liyane bali.....

Artikel dikirim oleh : Agus Swasana

0 komentar: